Matthew 9:17 — Compare Translations
3 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Mangkono anggur kang anyar iku iya ora diwadhahi ing impes kang lawas, amarga yen mangkono impese mesthi bedhah, anggure banjur wutah impese rusak. Nanging anggur kang anyar iku diwadhahi ing impes anyar, dadi loro-lorone tetep kanggo ing gawe.”
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Semono uga ora ènèng wong nyimpen anggur sing anyar nang kantongan lulang sing lawas, awit mengko kantongané mesti bakal bedah. Angguré bakal wutah lan kantongané bakal ora kanggo gawé menèh. Apiké, anggur sing anyar ya kudu disimpen nang kantongan sing anyar, supaya angguré lan kantongané bisa tetep apik.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Mengkono uga anggur sing anyar kuwi ya ora diwadahi ing kantong kulit sing lawas, awit yèn mengkono kantong kulité mesti bedah, angguré terus kutah, kantong kulité rusak. Nanging anggur sing anyar kuwi diwadahi ing kantong kulit anyar, dadi loro-loroné tetep kanggo nggawé.”