Matthew 9:6 — Compare Translations
3 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Nanging supaya kowe padha sumurup, yen Putraning Manungsa duwe panguwasa ngapura dosa ana ing bumi iki,” -- banjur ngandika marang kang lumpuh --: “Ngadega, paturonmu angkaten lan muliha!”
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Nanging Aku arep nduduhké marang kowé, nèk Anaké Manungsa nduwèni kwasa ngapura dosa nang jagat kéné.” Gusti Yésus ngomong marang wong sing lumpuh: “Ngadeka! Peturonmu diangkat lan kana mulih.” Wongé terus ngadek lan mlaku mulih.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Nanging supaya kowé pada mengertèni, yèn Putrané Manungsa nduwé pangwasa ngapura dosa ing bumi iki,” terus ngomong marang sing lumpuh: “Ngadeka, peturonmu angkaten lan muliha!”