Micah 4:3 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Panjenengane bakal jumeneng dadi Hakim ana ing antarane para bangsa, sarta bakal ndhawahake putusan tumrap para bangsa kang gedhe, nganti tekan panggonan kang adoh; pedhang-pedhange padha digembleng kadadekake kejen, lan tumbake kagawe arit; bakal ora ana maneh bangsa kang ngacungake pedhang marang bangsa liyane, lan wus ora ana wong kang padha ajar perang.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Panjenengané bakal ngadek dadi Rèkter ing antarané para bangsa, lan bakal nibakké putusan kanggo para bangsa sing gedé, nganti tekan panggonan sing adoh. Para bangsa pada nggemblèng pedang-pedangé didadèkké gaman kanggo ngluku, lan tumbaké digawé arit; bakal ora ana menèh bangsa sing ngetungké pedang marang bangsa liyané, lan wis ora ana wong sing pada blajar perang.