Micah 7:10 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Mungsuhku bakal nyipati iku, satemah bakal nutupi raine kalawan nandhang wirang, kang duwe ujar marang aku: “Ana ing ngendi Pangeran Yehuwah Allahmu?” Mripatku bakal nyawang anggone wong iku kaidak-idak kaya blethok ing lurung.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Mungsuhku bakal weruh kuwi, terus bakal nutupi praupané karo ngalami kisinan, sing nduwé tembung marang aku: “Ing ngendi GUSTI, Gusti Allahmu?” Mripatku bakal nyawang enggoné wong kuwi diidak-idak kaya blétokan ing dalan.