Nahum 1:15 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Delengen! Ing gunung-gunung ana wong kang lumaku lan nggawa pawarta, kang martakake kabar tentrem-rahayu. He Yehuda, dinamu gedhe riyayakna, punagimu tetepana! Amarga wong dursila ora bakal teka lan nempuh marang kowe maneh; awit wus katumpes babar pisan!
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Delengen! Ing gunung-gunung ana wong sing mlaku lan nggawa kabar, sing ngabarké kabar katentreman. Hé Yéhuda, dinamu gedé riyayakna, janjimu tetepana! Awit wong dursila ora bakal teka lan nyerang marang kowé menèh; awit wis dientèkké babar pisan!