Nahum 3:10 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Nanging iku dhewe uga kapeksa kaparakake menyang ing pambuwangan, kapeksa padha lumebu ing tawanan. Bayi-bayine padha dikeplekake ana ing pojoking sakehe lelurung, para wong kang kajen keringan padha kaundhi, lan para panggedhene padha kablenggu kabeh nganggo rante.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Nanging kuwi déwé uga kepeksa dilungakké menyang ing pembuwangan, kepeksa pada mlebu ing tawanan. Bayi-bayiné pada dikeplèkké ing pojoké sak kabèhé sak uruté dalan, para wong sing kajèn pada dilotré, lan para penggedéné pada dibanda kabèh nganggo ranté.