Nehemiah 10:31 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Lan manawa wong bangsa ing nagara kono padha nawakake dagangan utawa gandum warna-warna ing dina Sabat, mesthi padha ora daktuku, dadia ing dina Sabat utawa ing dina sengkeran liyane. Sarta maneh aku bakal padha ngetogake mangkono bae pametuning bumi ing taun kapitu lan ora bakal nagih piutang.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Lan yèn wong bangsa ing negara kono pada nawakaké dagangan utawa gandum werna-werna ing dina sabat, mesti pada ora kita tuku, dadia ing dina sabat utawa ing dina sutyi liyané. Lan menèh pada ngejarké mengkono waé pametuné bumi ing taun kaping pitu lan ora bakal nagih utang.