Nehemiah 10:34 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sarta kalawan nguncalake undhi aku kabeh, yaiku para imam, para wong Lewi lan wong lumrah, padha netepake sawijining patrap nyawisake kayu obong. Kayu iku kudu kagawa menyang ing padalemaning Allah, giliran, dening golonganing kulawargaku kabeh, ing wektu-wektu kang wus katemtokake ing saben taun, supaya ing misbyahe Sang Yehuwah, Gusti Allahku, ana geni kang murub, netepi apa kang katulisan ana ing kitab Toret.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Lan karo nguntyalké lotré, kita ya kuwi para imam, para wong Lèwi lan wong lumrah, pada netepaké sakwijiné tyara nyawiské kayu obong. Kayu kuwi kudu digawa menyang ing griyané Gusti Allah, giliran, karo golongané brayatku kabèh, ing waktu-waktu sing wis ditemtokké ing saben taun, supaya ing mesbèhé GUSTI, Gusti Allahku, ana geni sing murup, netepi apa sing ketulis ing kitab Torèt.