Nehemiah 10:37 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Lan kawitane glepungku sair tuwin sakehing pisungsungku kang mligi, wohing sarupaning karang kitri, anggur lan lenga bakal dakgawa menyang ing ngarepe para imam, ing kamar-kamare padalemaning Allahku, sarta pisungsung saprasapuluhane sakehing pametuning bumiku marang para wong Lewi, amarga iya para wong Lewi iku kang narik pisungsung prasapuluhan ing sakehing kutha-kutha patanenku.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Lan wiwitané glepungku, jewawut lan kabèh pisungsungku sing spésial, wohé sak rupané wowohan, anggur lan lenga bakal tak gawa menyang ing ngarepé para imam, ing kamar-kamaré griyané Gusti Allahku, lan pisungsung sak prasepuluhan kabèh pametuné bumiku marang para wong Lèwi, awit ya para wong Lèwi kuwi sing narik pisungsung prasepuluhan ing kabèh kuta-kuta tanduranku.