Nehemiah 10:38 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sarta manawa para bani Lewi padha mupu pisungsung prasapuluhan mau, padha kinanthenan imam, tedhake Imam Harun. Sabanjure para wong Lewi iku bakal nggawa saprasupuluhe pisungsung prasapuluhan mau menyang ing padalemaning Allahku, menyang ing kamar-kamare gedhong parawatan.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Lan yèn para turunané Lèwi pada njaluk pisungsung prasepuluhan mau, pada dibarengi imam, tyedak turuné imam Harun. Sak terusé para wong Lèwi kuwi bakal nggawa sak prasepuluhané pisungsung prasepuluhan mau menyang griyané Gusti Allahku, menyang ing kamar-kamaré gedong penyimpenan.