Nehemiah 12:44 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Ing wektu iku ana wong sawatara kang dipatah nglurahi kamar-kamar parawatan, kamar-kamar pisungsung mligi, panenan kawitan tuwin pisungsung prasupuluhan, supaya sumbangan kang manut pranatan dadi pandumane para imam lan para wong Lewi lan kang cundhuk karo kaanane pategalane saben kutha, diklumpukake ana ing kamar-kamar kono. Awit bani Yehuda padha bungah-bungah ing ngatase para imam sarta para wong Lewi kang padha nindakake ayahan.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Ing waktu kuwi ana wong sing dipasrahi mimpin kamar-kamar penyimpenan, kamar-kamar pisungsung spésial, panènan wiwitan lan pisungsung prosepuluhan, supaya sumbangan sing miturut pernatan dadi pandumané para imam lan para wong Lèwi lan sing tyotyok karo kahanané tegalé saben kuta, diklumpukké ing kamar-kamar kono. Turunané Yéhuda pada bungah-bungah awit para imam lan para wong Lèwi pada nindakké penggawéané.