Nehemiah 13:1 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Ing nalika iku perang-perangane kitabe Nabi Musa kawaca lan karungokake dening rakyat. Ing kitab kono tinemu ana tulisan kang mratelakake, manawa wong Amon lan wong Moab iku ing salawase ora kena lumebu ing pasamuwane Gusti Allah.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Ing waktu kuwi bagéan-bagéané kitab Moses diwatyakké lan dirungokké karo rayat. Ing kitab kono ketemu ana tulisan sing ngomongké, yèn wong Amon lan wong Moab kuwi selawasé ora kena mlebu ing pasamuané Gusti Allah.