Nehemiah 13:19 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Mulane yen ngarepake dina Sabat ing gapura-gapura Yerusalem wus katon remeng-remeng, aku akon nutup gapura-gapura lan dakprentahake supaya aja diwengakake sadurunge kliwat dina Sabat. Karomaneh aku mapanake wongku sawatara ana ing gapura-gapura, supaya aja ana momotan lumebu ing dina Sabat.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Mulané yèn sak durungé dina sabat ing gapura-gapura Yérusalèm wis kétok remeng-remeng, aku ngongkon nutup gapura-gapura lan tak préntahaké supaya aja dibukak sak durungé kliwat dina sabat. Uga menèh aku ndèkèkké wongku siji-loro ing gapura-gapura, supaya aja ana momotan mlebu ing dina sabat.