Nehemiah 13:6 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sajrone iku mau kabeh kelakon, aku ora ana ing Yerusalem, amarga ing taun kang kaping telung puluh lorone paprentahane Sang Prabu Artahsasta, ratu ing Babil, aku bali seba marang ing ngarsane Sang Prabu. Nanging sawuse sawatara mangsa aku nyuwun pamit maneh marang panjenengane.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Sak suwéné kuwi mau kabèh kelakon, aku ora ning Yérusalèm, awit ing taun sing kaping telung puluh loroné pepréntahané Artahsasta, ratu ing Babèl, aku bali ngadep ing ngarepé ratu. Nanging sak suwéné waktu kuwi aku njaluk pamit menèh marang piyambaké.