Nehemiah 2:6 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Ing kono pangandikane Sang Prabu marang aku, -- nalika iku Sang Prameswari lenggah ana ing sandhing dalem --: “Anggonira lelungan iku bakal sapira suwene lan besuk apa anggonira bakal bali?” Lan Sang Prabu banjur karsa ngutus aku, sawuse aku matur bab wektune marang panjenengane.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Ing kono tembungé ratu marang aku, waktu kuwi bojoné ratu njagong ing sandingé ratu: “Enggonmu lelungan kuwi bakal sepira suwéné lan mbésuk apa bakal bali?” Lan ratu terus gelem ngutus aku, sakwisé aku ngomong bab waktuné marang piyambaké.