Nehemiah 3:14 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Gapura Pawuhan iku didandani dening Sang Malkia, bin Rekhab, kang ngasta pangwaos ing wewengkon ing Bet-Kerem. Anggone mbangun nganggo dietrapi ineb, kancingan lan slarak.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Gapura Pawuhan kuwi didandani karo Malkia, anaké Rekab, sing nggawa pangwasa ing bawah Bèt-Kerem. Enggoné mbangun nganggo dipasang lawang-lawang, kantyingan lan slorok kantyingé lawang.