Nehemiah 5:14 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Malah uga wiwit aku winisudha dadi bupati ana ing tanah Yehuda, yaiku wiwit ing taun kang kaping rong puluh nganti tekan ing taun kang kaping telung puluh loro ing paprentahane Sang Prabu Artahsasta, dadi rolas taun lawase, aku karo para sadulurku padha ora tau njupuk panduman, kang dadi wewenange bupati.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Malah uga wiwit aku diangkat dadi bupati ing tanah Yéhuda, ya kuwi wiwit ing taun sing kaping rong puluh nganti tekan ing taun sing kaping telung puluh loro ing pepréntahané Artahsasta, dadi rolas taun suwéné, aku karo para sedulurku pada ora tau njupuk panduman, sing dadi wewenangé bupati.