Nehemiah 9:15 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Kangge ngicali luwenipun sami Paduka paringi roti ingkang saking ing langit sarta kangge ngicali ngelakipun Paduka angsalaken toya medal saking redi parang. Punapadene Paduka dhawuhi nglebeti lan ngejegi nagari ingkang sampun Paduka janjekaken kalayan supaos badhe Paduka paringaken dhateng para leluhur kawula.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Kanggo ngilangi luwéné Panjenengan ngekèki roti sangka langit lan kanggo ngilangi ngelaké Panjenengan ngekèki banyu metu sangka gunung watu. Uga Panjenengan préntah ngleboni lan ngenggoni negara sing wis Panjenengan janjèkké karo sumpah bakal Panjenengan kèkké marang para mbah kula.