Nehemiah 9:17 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Dene sami lumuh mirengaken tuwin boten ngengeti dhateng kaelokan ingkang Paduka tindakaken wonten ing satengahipun; sami ngakenaken githokipun, malah sami nekad badhe mangsuli pangawulanipun wonten ing tanah Mesir. Nanging Paduka punika Gusti Allah ingkang sugih pangapunten, asihdarma tuwin ambek welasan, sabar saha agung sihsusetyanipun. Paduka boten karsa negakaken para leluhur kawula wau.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Nanging pada nulak ngrungokké lan ora éling marang mujijat sing Panjenengan tandangi ing sak tengahé; pada ngakokké gitoké, malah pada nékat bakal mbalèni dadi batur ing negara Egipte. Nanging Panjenengan, Gusti Allah sing sugih pangapura, katrésnan lan kebak welas, sabar lan gedé kasetiané. Panjenengan ora gelem négakké para mbah kula mau.