Nehemiah 9:25 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Kitha-kitha ingkang santosa kaliyan tanah-tanah ingkang subur sadaya dipun rayud; griya-griya ingkang kebak isi barang dandosan sae, kulahan-kulahan tatahan, pakebonan anggur tuwin pakebonan jaitun, sarta karang kitri, ingkang cacahipun langkung dening kathah sami dipun rampasi. Sami nedha ngantos tuwuk lan dados lema saha ngraosaken kamukten, saking kamirahan Paduka ingkang ageng.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Kuta-kutané sing kuwat karo tanah-tanah sing subur kabèh direbut; omah-omah sing kebak isi barang dandanan apik, panggonan-panggonan banyu tatahan, kebon anggur lan kebon saitun, lan wowohan, sing tyatyahé liwat karo okèh pada dirampasi. Pada mangan nganti warek lan dadi lemu lan ngrasaké urip kepénak, awit kawelasan Panjenengan sing gedé.