Nehemiah 9:27 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Paduka nunten ngulungaken tiyang-tiyang wau ing tanganing mengsahipun, temah sami nandhang karupekan. Lah salebetipun nandhang karibedan punika lajeng sami sesambat dhumateng Paduka, nunten Paduka piyarsakaken saking langit tuwin awit saking palimirma Paduka ingkang ageng, Paduka paringi tiyang-tiyang ingkang ngluwari saking tanganing mengsah.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Panjenengan banjur ngekèkké wong-wong iki ing tangané mungsuh-mungsuhé, nganti pada ngalami kangèlan. Lah njeruhné ngalami kangèlan kuwi terus pada sambat marang Panjenengan, banjur Panjenengan rungokké sangka langit lan awit sangka katrésnané Panjenengan sing gedé, Panjenengan ngekèki wong-wong lan ngluwari sangka tangané mungsuhé.