Nehemiah 9:29 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Paduka engetaken supados sami wangsul dhateng angger-angger Paduka. Nanging sami ngatingalaken gumunggungipun, boten mituhu dhateng pepaken Paduka, sami nerak pranatan-pranatan Paduka, mangka inggih punika ingkang dados marginipun tiyang manggih gesang manawi sami nglampahi makaten. Sami masang pundhakipun kangge nglawan, sami ngakenaken githokipun sarta boten purun mirengaken.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Panjenengan ngélingké supaya pada mbalik marang angger-angger Panjenengan. Nanging pada ngétokké gemunggungé, ora manut marang pepakoné Panjenengan, pada nerak pernatan-pernatan Panjenengan, sakjané ya pitutur kuwi sing dadi jalarané wong olèh urip yèn pada nandangi. Nanging pada masang pundaké kanggo nglawan, pada ngakokké gitoké lan ora gelem ngrungokké.