Nehemiah 9:32 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Lah sapunika, dhuh Allah kawula, Gusti Allah ingkang mahaagung, santosa lan nggegirisi, ingkang ngekahi ing prasetya saha sih-kadarmanipun, sampun ngantos Paduka galih remeh sakathahing kasisahan ingkang sampun sami kawula sandhang, inggih ratu-ratu kawula, panuntun-panuntun kawula, imam-imam kawula, nabi-nabi kawula, saha para leluhur kawula, malah inggih umat Paduka sadaya, wiwit jamanipun para raja ing Asyur dumugi sapunika.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Saiki, duh Gusti Allah sing Mahaluhur, kuwat lan medèni, sing nyekel perjanjiané lan katrésnané, aja nganti Panjenengan nganggep rèmèh kabèh kasusahan sing wis pada kita sandang, ya ratu-ratu kita, penuntun-penuntun kita, imam-imam kita, nabi-nabi kita, lan para leluhur kita, malah ya umat Panjenengan kabèh, wiwit jamané para ratu ing Asyur tekan saiki.