Nehemiah 9:5 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Yesua, Kadmiel, Bani, Hasabneya, Serebya, Hodiya, Sebanya, lan Petahya, -- iku wong Lewi kabeh -- banjur padha ngucap mangkene: “Padha ngadega saosa puji marang Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, langgeng ing salawase! Dhuh Allah, pinujia asma Paduka ingkang mulya, ingkang kaluhuraken ngungkuli saliring pamuji kaliyan pakurmatan!”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Yésua, Kadmièl, Turunané, Hasabnéya, Sèrèbya, Hodia, Sebanya, lan Pétahya, - kuwi wong Lèwi kabèh - terus pada ngomong mengkéné: “Pada ngadeka pasraha pamuji marang GUSTI, Gusti Allahmu, langgeng ing selawasé! Duh Gusti Allah, pinujia asma Panjenengan sing mulya, sing diluhurké ngungkuli sak kabèhé pamuji lan hurmat!”