Nehemiah 9:8 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Paduka uningani, bilih manahipun setya tuhu wonten ing ngarsa Paduka, sarta Paduka damel prasetya kaliyan piyambakipun, bilih badhe Paduka paringi tanahipun tiyang Kanaan, tiyang Het, tiyang Amori, tiyang Peris, tiyang Yebus, sarta tiyang Girgasi, kaparingaken dhateng turunipun. Lan Paduka inggih netepi pangandika Paduka, margi Paduka punika asipat leres.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Panjenengan ngertèni, yèn atiné setia sak kabèhé ati ing ngarepé Panjenengan, lan Panjenengan nggawé perjanjian karo piyambaké, yèn bakal Panjenengan ngekèki tanahé wong Kanaan, wong Hèt, wong Amori, wong Pèris, wong Yébus, lan wong Girgasi, dikèkké marang turunané. Lan Panjenengan ya netepi tembungé Panjenengan, awit Panjenengan kuwi maha bener.