Numbers 1:26 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Mungguh sarasilahe turune Yehuda iku kadhapuk miturut gotrah-gotrahe, cacahe wong lanang kang umur rong puluh taun sapandhuwur, kang sembada ing perang padha ditulisi jenenge.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Kanggo turunané Yéhuda kuwi miturut turunané, tyatyahé wong lanang sing umur rong puluh taun munggah, sing wis bisa perang pada ditulisi jenengé.