Numbers 12:14 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Musa: “Saupama diidonana raine dening bapakne, apa ora nandhang kawirangan nganti pitung dina? Dheweke kasetrakna ana ing sajabane pakemahan nganti pitung dina, sawuse mangkono kena ditampani maneh.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Tembungé GUSTI marang Moses: “Sak umpama diidoni rainé karo bapaké, apa ora ngalami isin nganti pitung dina? Dèwèké singkirna ing sak njabané tarupé nganti pitung dina, sakwisé mengkono kena ditampani menèh.”