Numbers 15:14 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Dene manawa ana wong bangsa liya kang neneka utawa wong liyane kang manggon ana ing tengahira utawa ing satengahe turunira besuk, mangka iku arep nyaosake kurban genenan, kang gandane gawe renaning panggalihe Sang Yehuwah, iku patrape iya padha karo kang sira tindakake.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Nanging yèn ana wong bangsa liyané sing neneka utawa wong liyané sing manggon ing tengahmu utawa ing sak tengahé turunmu mbésuk, sakjané kuwi arep masrahaké kurban bakaran, sing ambuné nggawé senengé atiné GUSTI, kuwi tyarané ya pada karo sing kok tandangi.