Numbers 19:13 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Saben wong kang nggepok jisim, yaiku badane manungsa kang wus mati, mangka ora ngruwat dosane, iku dadi najisake Tarub Sucining Yehuwah, wong kang mangkono iku katumpesa saka ing Israel, marga ora disiram ing banyu pambirating najis, mulane dadi najis lan tetep kadunungan najis.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Saben wong sing nggepok layon, ya kuwi awaké manungsa sing wis mati, nanging ora ngresiki dosané, kuwi dadi najisaké Tarup Sutyiné GUSTI, wong sing mengkono kuwi kudu dibuwang sangka Israèl, awit ora disiram karo banyu upa-tyara ngresiki najis, mulané dadi najis lan tetep kanggonan najis.