Numbers 20:17 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Mugi paduka marengna kawula sami langkung ing nagari paduka; kawula boten badhe langkung ing pategilan utawi pakebonan anggur paduka, sarta inggih boten badhe ngombe toya ing sumur paduka; kawula namung badhe langkung ing margi ageng kemawon, boten mawi menggok ngiwa utawi nengen, ngantos kawula sami dumugi ing tapel-watesipun wewengkon paduka.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Supaya sampéyan nglilani kita pada ngliwati ing negara sampéyan; kita ora bakal liwat ing kebonan utawa kebon anggurmu, lan ya ora bakal ngombé banyu ing sumur sampéyan; kita mung bakal liwat ing dalan gedé waé, ora ménggok ngiwa utawa nengen, nganti kita pada ngliwati ing tapel watesé negarané sampéyan.”