Numbers 22:18 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Nanging Bileam mangsuli marang para utusane Sang Prabu Balak: “Sanadyan Sang Prabu Balak maringna salaka lan mas sakadhatonipun kebak, ewadene kula boten saged nindakaken punapa-punapa, ingkang sapele punapa ingkang wigatos, ingkang nerak dhawuh timbalanipun Pangeran Yehuwah Gusti Allah kula.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Nanging Biléam nyauri marang para kongkonan Balak: “Senajan Balak ngekèki slaka lan emas sak kratoné kebak, kula ora bisa nindakké apa-apa, sing sepélé apa sing gedé, sing nerak tembungé GUSTI Allah kula.