Numbers 22:5 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sang Nata tumuli utusan nimbali Bileam bin Beor menyang ing Petor kang ana ing sapinggire bengawan Efrat, menyang ing nagarane para mitrane tunggal bangsa, piwelinge mangkene: “Lah ana sawijining bangsa kang teka saka ing Mesir kang nganti nglimputi salumahe bumi; iku lagi lereb ana ing ngarepku.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Ratu terus kongkonan nyeluk Biléam anaké Béor menyang ing Petor ing pinggir kali Efrat, menyang ing negarané para kantyané tunggal bangsa, pawelingé mengkéné: “Ana sakwijiné bangsa sing teka sangka Egipte sing nganti nutupi sak lumahé bumi; bangsa kuwi manggon ing ngarepku.