Numbers 23:17 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Satekane ing ngarsane Sang Prabu Balak, lah Sang Nata isih jumeneng sandhing kurbane obaran, bebarengan karo para panggedhene bangsa Moab. Sang Prabu Balak banjur ngandika marang Bileam: “Pangandikane Pangeran Yehuwah kapriye?”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Sak tekané ing ngarepé Balak, ijik ngadek ing sandingé kurbané obongan, bebarengan karo para penggedéné bangsa Moab. Balak terus ngomong marang Biléam: “Tembungé GUSTI kepriyé?”