Numbers 23:3 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Bileam tumuli matur marang Sang Prabu Balak: “Panjenengan dalem kawula aturi jumeneng wonten ing sacelakipun kurban obaran panjenengan dalem, dene kawula badhe kesah; bokmanawi kula badhe dipun panggihi dening Sang Yehuwah, lajeng dhawuh punapa ingkang kaparingaken, punika badhe kawula pratelakaken dhateng panjenengan dalem.” Sawuse mangkono Bileam banjur munggah ing gunung kang gundhul.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Biléam terus ngomong marang Balak: “Sampéyan kula njaluk ngadek ing tyedaké kurban obongan sampéyan, nanging kula bakal lunga; menawa kula bakal ditemoni karo GUSTI, terus ngomongi apa sing diomongké marang kula, kuwi bakal kula omongaké marang sampéyan.” Sakwisé mengkono Biléam terus munggah ing gunung sing gundul.