Numbers 25:11 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
“Pinehas anake Eleazar anake Imam Harun iku kang njalari sirepe bebenduningSun ing satengahe wong Israel, marga kanthi mempeng anggone mbelani kaurmataningSun ana ing satengahe umat, temahan Ingsun ora nganti numpes marang wong Israel ing sajrone bentering panggalihingSun.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
“Pinéhas anaké Eléazar anaké Harun kuwi sing njalari sirepé bebendu-Ku ing sak tengahé wong Israèl, awit karo mempeng enggoné mbélani kahurmatan-Ku ing sak tengahé umat, nganti Aku ora matèni marang wong Israèl ing sak njeruhné panas ati-Ku.