Numbers 25:6 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Kapinujon ana sawijining wong Israel kang teka nggawa wong wadon bangsa Midian menyang satengahe para sadulure, kapirsanan dening Nabi Musa lan kaweruhan dening sagolongane wong Israel kabeh kang lagi padha nangis ana ing ngarepe lawangane Tarub Pasewakan.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Ketepakan ana sakwijiné wong Israèl sing teka nggawa wong wadon bangsa Midian menyang sak tengahé para seduluré, konangan karo Moses lan diweruh karo sak golongan wong Israèl kabèh sing ijik pada nangis ing ngarepé lawangé Tarup Kumpulan.