Numbers 27:11 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Lan saupama bapakne iya ora duwe sadulur lanang, warisan tinggalane iku kawenehna marang sanake kang kaprenah cedhak dhewe saka antaraning golongane, supaya dadia duweke.” Mangkono iku kang kudu dadi wewatoning bebeneran kanggo marang wong Israel, kaya kang dadi dhawuhe Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa mau.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Lan yèn bapaké ya ora nduwé sedulur lanang, warisan tinggalané kuwi diwènèhké marang seduluré sing pernahé tyedak déwé sangka antarané golongané, supaya dadia duwèké.” Mengkono kuwi sing kudu dadi pernatané kanggo wong Israèl, kaya sing dadi préntahé GUSTI marang Moses mau.