Numbers 30:12 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Balik saupama bojone nalika krungu mau tumuli mbatalake prakara iku kalawan keras, apa kang wus diucapake dening kang wadon, iya punagine iya kasaguhane iku batal, wus dibatalake dening bojone, sarta kang wadon bakal diapura dening Pangeran Yehuwah.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Nanging yèn bojoné waktu krungu terus mbatalké perkara kuwi karo teges, apa sing wis diutyapké karo sing wadon, ya ujaré ya janjiné kuwi batal, wis dibatalké karo bojoné, lan sing wadon bakal dingapura karo GUSTI.