Numbers 36:2 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
sarta padha duwe atur mangkene: “Pangeran Yehuwah sampun dhawuh dhateng panjenengan, supados maringana panduman siti minangka tanah-pusaka dhateng tiyang Israel srana kaundhi; sarta malih dhawuhipun Sang Yehuwah dhateng panjenengan, supados siti gadhahanipun sadherek kula Zelafehad, kaparingna dhateng anakipun estri.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
lan pada nduwé tembung mengkéné: “GUSTI wis ngongkon sampéyan, supaya ngekèki panduman lemah kanggo duwèké marang wong Israèl karo dilotré; lan malih préntahé GUSTI marang sampéyan, supaya lemah duwèké sedulur kula Sélaféhad, dikèkké marang anak wédoké.