Numbers 4:15 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sawuse Harun lan para anake rampung anggone nutupi barang-barang lan sakehe pirantine pasucen kabeh, samangsa arep budhalan, wong bani Kehat lagi kena lumebu prelu ngusungi barang-barang iku, nanging aja nganti nggepok samubarang kang suci iku, supaya aja nganti nemahi pati. Dadi iku barang-barang ing Tarub Pasewakan kang kudu diusung dening bani Kehat.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Sakwisé Harun lan para anaké rampung enggoné nutupi barang-barang lan sak kabèhé pirantiné omahé kabèh, yèn arep budalan, wong turunané Kéhat ijik kena mlebu perlu ngusungi barang-barang kuwi, nanging aja nganti nggepok samubarang sing sutyi kuwi, supaya aja nganti nemoni pati. Dadi kuwi barang-barang ing Tarup Kumpulan sing kudu diusung karo turunané Kéhat.