Numbers 4:19 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Supaya padha lestari urip lan ora nganti nemahi pati samangsa maju nyedhaki barang-barang kang suci pinunjul, sira padha nindakna mangkene; kanggo wong-wong mau: Harun lan anak-anake padha lumebua lan mrenahna wong bani Kehat mau, cedhak karo barang-barang kang kudu diusung.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Supaya pada tetep urip lan ora nganti nemoni pati yèn maju nyedaki barang-barang sing Mahasutyi, kowé pada nandangana mengkéné; kanggo wong-wong mau: Harun lan anak-anaké pada mlebua lan mernahké wong turunané Kéhat mau, tyedak karo barang-barang sing kudu diusung.