Numbers 5:18 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sawuse wong wadon iku disebakake ing ngarsane Pangeran Yehuwah, rambute banjur diudharana, epek-epeke ditumpangana kurban pangeling-eling, yaiku kurban dhaharan kasujanan, dene tangane imam didokokana banyu pait kang malati.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Sakwisé wong wadon kuwi digawa ing ngarepé GUSTI, rambuté terus diudarana, èpèk-èpèké tumpangana kurban pengéling-éling, ya kuwi kurban panganan jalusu, nanging tangané imam didèkèki banyu pait sing nekakké bebendu.