Numbers 5:21 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
ing kono imam nyumpaha wong wadon mau klawan sumpah ipat-ipat, sarta ngucapa marang wong wadon mau, mangkene: Kowe didadekna tadhahing-sumpah ipat-ipat dening Pangeran Yehuwah ana ing tengahe bangsamu, pupumu bakal dadi cilik sarta wetengmu dadi busung,
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
ing kono imam nyumpaha wong wadon mau karo sumpah bebendu, lan ngomonga marang wong wadon mau, mengkéné: Kowé didadèkké tadahé-sumpah bebendu karo GUSTI ing tengahé bangsamu, pupumu bakal dadi tyilik lan wetengmu dadi mlembung,