Numbers 6:20 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
iku kabeh tumuli digoyangna dening imam dadi pisungsung goyangan ana ing ngarsane Yehuwah; iku kabeh dadi panduman suci kanggo imam kanthi andhemane pisungsung goyangan lan sampile pisungsung-mligi. Sawuse mangkono, wong nazir mau lagi kena ngombe anggur.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
kuwi kabèh terus digoyangké karo imam dadi pisungsung goyangan ing ngarepé GUSTI; kuwi kabèh dadi panduman sutyi kanggo imam karo dadané pisungsung goyangan lan sampilé pisungsung spésial. Sakwisé mengkono, wong nasir terus kena ngombé anggur.”