Numbers 6:21 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Iku mau angger-angger tumrap wong nazir kang duwe punagi bakal ngunjukake pisungsunge marang Sang Yehuwah adhedhasar kanazirane, iku durung kapetung pisungsung kang wong mau bisa nyaosake, kajaba iku mau. Kaya kang dadi punagine kang wus dilairake, iya mangkonoa anggone nglakoni adhedhasar angger-anggering kanazirane.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Kuwi mau angger-angger kanggo wong nasir sing nduwé janji bakal masrahaké pisungsungé marang GUSTI, kuwi durung kepitung pisungsung sing wong mau bisa masrahaké, kejaba kuwi mau. Kaya sing dadi janjiné sing wis diutyapké, ya ngono enggoné kudu nglakoni kanggo ujar dadiné nasir.