Numbers 7:88 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Gunggunge kewan kang kanggo kurban slametan iku, sapi lanang nom patlikur, karo wedhus gibas lanang sawidak, wedhus berok lanang sawidak lan wedhus gibas kang umur setaun sawidak. Iku mau pisungsung kang kanggo mulyakake misbyah, sawuse kajebadan.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Gunggungé kéwan sing kanggo kurban keslametan kuwi, sapi lanang nom patlikur, karo wedus gèmbèl lanang suwidak, wedus lanang suwidak lan wedus gèmbèl sing umur setaun suwidak. Kuwi mau pisungsung sing kanggo mulyakké mesbèh, sakwisé dijebatani.