Numbers 7:89 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Anadene manawa Nabi Musa lumebet ing Tarub Pasewakan, arep imbal wacana klawan Panjenengane, banjur mireng swara kang mangandikani saka ing sadhuwure tutup karukunan kang tumumpang ing pethining angger-anggere Gusti Allah, saka ing antarane kerub loro, mangkono anggone mangandikani. edit 1: fajar 8.3.01
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Awit yèn Moses mlebu ing Tarup Kumpulan, arep omong-omongan karo Panjenengané, terus krungu swara sing ngomongi sangka sak nduwuré tutupé rukunan sing temumpang ing petiné angger-anggeré Gusti Allah, sangka antarané kerup loro, mengkono enggoné ngomongi.