Numbers 9:14 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Karodene manawa ana bangsa liya kang manggon ing satengahira, arep melu ngriyayakake Paskah konjuk marang Pangeran Yehuwah, anggone netepi iku mituruta katetepan lan pranatan Paskah. Ana katetepan siji kang kanggo marang sira, iya marang wong bangsa liya lan wong bumi.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Uga yèn ana bangsa liyané sing manggon ing sak tengahé, arep mèlu ngriyayakké Paskah ngadep marang GUSTI, enggoné netepi kuwi nuruta katetepan lan pernatan Paskah. Ana pernatan siji sing kanggo marang kowé, ya marang wong bangsa liya.”