Numbers 9:19 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Manawa megane nganti sawatara lawas tetep ana ing sadhuwure Tarub Suci, wong Israel padha nindakake kuwajibane tumrap Pangeran Yehuwah, lan ora budhal.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Yèn mendung nganti suwé tetep ing sak nduwuré Tarup Sutyi, wong Israèl pada nindakké kuwajipané kanggo GUSTI, lan ora budal.