Numbers 9:20 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Terkadhang megane mau mung sawatara dina ana ing sadhuwure Tarub Suci; ing kono anggone padha lereb iku marga saka dhawuhe Sang Yehuwah, lan anggone budhalan iya marga saka dhawuhe sang Yehuwah.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Ana waktuné mendungé mau mung pirang dina ing sak nduwuré Tarup Sutyi; ing kono enggoné pada manggon kuwi awit sangka préntahé GUSTI, lan enggoné budal ya awit sangka préntahé GUSTI.